Wingi aku menyang mal citraland semarang ki niatane jane arep nggolek klambi anyar. Amarga klambiku wes jadul2 ‘peninggalan’ jaman smu biyen aku jek pas. La aku ki tergolong tipe wong sing paling muales nek nggolek klambi anyar. Biasane menyang ngendi2 ki yo mung nganggo t-shirt mbek katok jins (bar ngono rak tau dandan sisan, pantesan aku rak payu-payu tekan saiki.. ;p ).

La wingi aku neng mal jane arep nggolek klambi, nanging pas aku window shopping ndelok2 kok bentuke wagu-wagu lan elek-elek yo. Opo maneh kae lo sing model saiki sing bentuke balon kae,,hah jan uelik tenan. Aku rak sudi rak sudi rak sudi nek gaul utawa mlaku-mlaku nganggo klambi model koyo ngono kuwi.

Opo maneh model katok gaul jaman saiki yo soyo kenter. Intine ki mung mamerke bokonge tok. Ketat lan cendhek super pol! Jek mending nek bokonge putih utawa resik, la wingi pas neng mal kok yo akeh sing belang2 lan ireng kulite nanging nganggo katok cendhak sing kempole duwur kethok kae lo..lah bar ngono pas njajal2 sepatu yo do ketok ‘belahan’ e silite. Jan jan!! eneg tenan aku ndelokke ABG wedok jaman saiki. Nanging rak mung ABG tok ding. Mbok mbok wes berumur yo wingi tak delok neng mol do seneng nganggo kathok2 super cendhek koyo ngono kuwi.

Wes suwe rak mudun mol semarang (biasane pol mung tekan pasar Ungaran tok tuku tahu tempe ;p ), eh pas sempet ning mol malah ‘disuguhi’ silit-silit ireng..hah eneg aku!!

*bali, rak sido tuku klambi, model klambine elek-elek*




 Berlangganan Feed Koolsonic.Com? Mau dong!


Related post(z):

  1. Goosebumps.. memori jaman 90-an
  2. Instal plugin ‘Kucing Lucu Smileys’
  3. Akhirnya (blog diary) jadi juga!
  4. Lipsticko Phobiano
  5. Ayo nyobain peruntungan dapat 5 juta dari KapanLagi